Virus Corona


Dening : Sri Utami, S.Pd.

Wabah virus corona saka kutha Wuhan China, mlebu ing Indonesia kurang luweh pertengahan Maret tahun 2020. SD IT Hidayatullah Yogyakarta ngliburake murid-muride kanggo tujuan njaga amrih saka paparan virus corona. Sakbanjure SD liyane uga diliburake miturut peraturan dinas pendidikan. Pelajaran tatap muka utawa offline diganti pelajaran virtual utawa online. Guru ngajar saka sekolah murid nggatekake saka ngomah lewat handphone utawa laptop banjur nggarap tugas dikirim kanggo aplikasi whatshap , google lan sakbanjure.

Ing mangsa pandemi virus corona, mlebu metu dibatesi kanggo njaga tular tinular penyakit, menawa metu omah uga nggunakake masker lan jaga jarak menawa papas an. Handphone (HP) utawa gadget sing awale kanggo alat komunikasi tambah amba manfangate kanggo tuku lan dodolan online, sinau online lan liya-liyane. Handphone wis kaya kebutuhan pokok sing kudu diduweni kanggo manungsa nglaksanakake aktivitas saben dina.

Sak suwene pandemi corona panggunakane gadget saya akeh, kanggo aktivitas sabendinane kayata kanggo sinau online, bakulan, lan liya-liyane. Panggunakane gadged ana dampak positif lan dampak negatife. Dampak positife gadged bisa nambah kawruh uga ngakses informasi ing ngendi wae lan kapan wae, dampak negatife nyebabake radiasi ana ing system saraf manawa kasringen nggunakake, murid-murid males maca buku lsp.

Kapetik saka Modul Basa Jawa SD IT Hidayatullah Yogyakarta Kelas IV

Sri Utami, S.Pd., Penulis Modul Basa Jawa SD IT Hidayatullah Yogyakarta

Powered by Blogger.
close